Aby Azka Rahadyan

Aby Azka Rahadyan

Aby Azka Rahadyan

Aby Azka Rahadyan

Label 14

Label 13

Index

Label 3

Label 15

Label 14

Recent Post

Index

Label 6

Index

Label 5

Index

Label 4

Label 10

Label 9

Video Category 1

Home » » BARENG-BARENG ELING

BARENG-BARENG ELING

Sedulure mang daspan sing ayu2 lan ganteng2

Sugih dunya sugih banda
dudu jaminan bisa urip seneng bahagia
sebab sing aran urip bahagia
iku lantaran antenge ati

senajana duite pirang pirang
gelang kalunge pating genjlang
mobile ngagrang agrang
umahe pirang pirang
lamon pikirane lagi sungsang
atine ana sing mlagrang
urip bli bakal bisa tenang

sebenere apa sing diluruh menusa kuh?
Duit tah?
Emas tah?
Rabi / laki bagus tah?
Dudu.... sedulur
Kabeh menusa tujuan uripe iku mung siji
Pengen bisa urip seneng pengen bisa urip anteng

Tapi kadang akeh sing salah ngarteni
Disangkae urip seneng iku sebab akehe harta
Disangkae urip bungah iku sebab baguse rabi / laki
Disangkae urip anteng iku sebab jabatene tinggi
Salah dulur.....
Sing bener urip bisa seneng bisa anteng iku ana ning ati
Baka atine tentrem ayem ya uripe uga dadi adem

Terus priwe jeh supaya atine tentrem lan ayem?

Carane ya kudu sing akeh syukure karo Gusti Allah
Sing nrima ning pandume Gusti Allah
Sing sabar nrima cecoba sing Gusti Allah

Sebab wong baka kurang syukure
Uripe ngrasa kurang bae
Wong baka bli nrima ning pandum
Uripe nelangsa bae
Wong baka bli sabar ngadepi cecoba
Pribawane ngresula bae

Dadi sedulur..
Mangga di tata atine
Supaya bisa dadi wong sing akeh syukure, akeh nrimane, akeh sabare.

Amin....

0 komentar:

Posting Komentar

Trending Topik