Aby Azka Rahadyan

Aby Azka Rahadyan

Aby Azka Rahadyan

Aby Azka Rahadyan

Recent Post

DEREP PARI APA DEREP........?


Asikk.. ketemu maning karo pembaca sing setia. Muga muga diparingi sehat kabeh amin.. alhamdulillah kula (penulis) gah masih diparingi sehat dadi masih bisa nulisaken critane daspan kanggo diwaca ning sampean kabeh.
Critane, jagat wis usum panenan, wong kampunge daspan pating glidig pada miyang derep. Sing awit bocah cilik sampe wong peot kabeh pada melu mangkat derep, bli terkecuali daspan lan dasram uga mangkat derep ning sawahe mang daslim karo gawa plastik kresek gede sing macem macem isine. Ana arit, wungkal, ani ani, cotom laken, sega kuning, sega lengkoh, sega jamblang, sega blegedeg, pindang, oreg, tumis kangkung, bistik jengkol, pepesan tahu, pepesan ayam, pepesan layang, pepesan bandeng, gorengan oncom, gorengan boled, gorengan gedang, gorengan sukun.... (hop..hop... hop... lha...mbladad bae kuene daspane arep derep tah arep gawe warung. Gkgkgkgk). Daspan karo dasram katon semanget melu derep. Jarene mah ngrungu ngrungu womg loro iku (daspan+dasram) iku lagi duwe kepengenan. Tapi embuh duwe kepengenan apa engko durung tek takonaken (pen).
Hmmm... kaberan jagat panase lagi ngetak-etak. Panase gawe nyentet ning kulit. Kringet gede cilik tuwa enom metu kabeh.
Daspan karo dasram alhamdulillah wis pragat ngepreki parine. Lumayan barang dikandeki olih golongan 7 kandek. Saking bli kuat kenang panas daspan karo daspan pragat-pragat langsung bae ngaub ning sore wit baujan sing rada gede.
“aduh pan.... panase bli kejagan. Endas sampe pating krengab mengkenen”
“ pada kita gah sram, semen lih dau panas ning dunya ya sram, kuwayang kayangapa panase neraka, dih... mblegidig reang mah sram ari mikiri mono kuh”
“ya embuh pan bli weruh. Soale reange durung ilok manjing neraka”
“sirane mrengut sram. Semono benere reang ngomong luh. Terus gah aja prengat prengut bae, iku delengen raine. Kaya geblog ketendenan lumpang. Gkgkgkgk”
“sira mah ngece kuh bli pog-pog pan. Maling-malingane raine reang blesak”
“haduh... aja posogan sram... bahaya. Soale sira baka posogan kuh biasane langsung ngeduk lemah. gjgjgggkkk”
“luh... ngece maning bae. sabar....., Eh pan, kaya kayane regane gabah kih larang beli ya pan?”
“embuh sram durung jelas. Tapi reang ngrungu kabar sih jarene masih murah sram”
“iya sira pan.. reang gah ngrungu kuh murah”
“trus sira takon regane gabah kuh arep dadi tempuran tah priwe sram?”
“sira maning pan. Dadi tempuran..jeh. reange gableg modal sing endi?
“ya bokat, trus priwe sram”
“pan, lamon dipikir-pikir sih pejabat kuh ndlogdog”
“hust.. ati-ati sram sira kari ngomong. Dipenjara sira”
“yong kenyataane mengkonon jeh pan. Coba bayangaken bae wong tani dilawani kangelan, obat regane larang, eh barang panen regane gabahe malah murah gara-gara pemerintah malah tuku beras sing negara sejen”
“iya ya sram. Boro-boro arep ngrewangi wong tani. Malah mateni. Sira tumben temen lagi cerdas otake. gkgkgkg”
“lha.. bagen wong bli sekolah gah aja bae ketinggalan ingpormasi kuh pan. “
“ya emang mengkonon sram. Pejabat iku kudune nyekel lan njalanaken amanat, tapi sing akeh malah hianat. sing bener dilewat sing salah dirumat. Akhire gawe sengsara ning rakyat. Lagi durung dadi janjine bakal amukti arep mbelani rakyat sampe mati. Tapi barang wis dadi ndodok ning korsi, pada lali karo janji ning rakyat malah nyengiti”
“emang bener pan.. gampang nyandake tapi abot sanggane”
“cocok sram. Ngomong2 jagat wis rada sore sram. Yu gah nyonggah dipit trus dicatoni”
“ayu pan..”
Daspan lan dasram ngunjali gabah bari ning atine dedonga. Duh.. muga-muga gabah regane nanjak bari bisa tuku sepede anyar lan bisa nyaur utang buwuan. Amin....

WADON SUWARGA

Wong Wadon pengen manjing suarga?? bli angel Cuyyy!!!!

sedulure mang daspan sing Keren2...
sering kita kabeh pada ngrungu embuh jare kiyai embuh jare ustad embuh jare wong pinter yen ning neraka iku penghuni sing akeh saking golongane wong wadon. 
tapi mang daspan kien ora arep nyritakaken wadon sing bakale manjing neraka. sebab ternyata wong wadon iku malah luwih gampang lamon pengen manjing suwarga. hayu.. pengen beli... baka pengen kih carane ...

1. TAAT MARING GUSTI ALLAH SWT
kien syarat utamane. kudu gelem nglakoni prentae gusti Allah lan ngadohi sing dilarang ning Gusti Allah. sebab kuen iku tugas pokoke munusa dilahiraken ning ngalam dunya yaiku dikongkon ngibadah.

2. BAKTI NING LAKI
apa bae sing diprentah ning laki ya dituruti. ora mbantah. ora nglawan. kecuali lakine ngongklon sing bli bener alias ngongkon nglakoni maksiyat maka wong wadon olih bli nurut.

3. NJAGA KEHORMATAN LAN NUTUPI AURAT
priwe carane njaga kehormatan. ya tentune tingkah lakune sing bener. sesuai karo ajaran agama lan norma alias adat sing berlaku. trus nutup aurat iku wajib sebab ibarat dagangan baka disimpen rapi wadae bagus iku larang regane. sejen karo dagangan sing umbar bae arane obralan... he..

4. TAAT KARO WONG TUWA
ari kien mah kayane wis ngerti, pada karo taat ning laki selama wong tuwa iku ora ngongkon maksiyat ya dituruti.

5. NJAGA LISAN ( CANGKEM )
nah kien sing rada anget.. he.. sebab kien kih sing akeh gawe wong wadon manjing neraka. rerasan, alisa gosip ngomongaken blesake tangga. ngomongaken aibe laki lan liyan liyane kabeh kudu dijaga. sebab wong rerasan iku ibarat mangan dginge sing dirasani. idih aidih...

nah sedulur kabeh khususe wong wadon. lamon 5 perkara mau dilakoni kabeh. lawang suwarga wis ngawe ngawe ngenteni ditonggoni ning sampean..

muga manpangat..
angin sumwliwir gawe arip
pengen sehat nginum jamu

bokat kula masih diparingi urip
insyaAllah masih bisa ketemu.

MASALAH BLI PRAGAT PRAGAT

kabeh menusa iku wis paham yen menusa iku langka sing bli duwe masalah, trus uga menusa wis pada ngerti yen kabeh maslah iku pasti ana dalane pasti ana pemecahane. cuma kadang sekudune luruh pemecahan masalah malah dadi nambah masalah. nah kien sing kacau kih. terus apa penyebabe menusa kadang sampe bli bisa mecahaken masalah malah nambah masalah anyar? kih wacaen.

1. MALES
ana wong sing duwe masalah lan sebenere weruh cara ngatasane tapi bli kieng, akhire karna bli kieng dijor joraken bae sampe lawas akibate seiring karo mlakune waktu masalah sing maune cilik tapi bli gage diurusi akire mrambat dadi gede.

2. MINDER ALIAS WIRANGAN
Terkadang ana wong sing duwe rancangan kanggo nyeleseaken maslah lan dijamin maslahe bisa diatasi tapi berhubung wirang, isin, minder kanggo nglakonane akibate maslahe ora pragat pragat.

3. ORA YAKIN
Nah kien sing angel maing. dupene ngerti tapi bli yakin. akhire dilakoni setengah ati ya akibate ora maksimal hasile.

4. NYERAH ALIAS PASRAH
baka wis mengkenen ya wis angel diomongakene. durung apa apa wis nyerah angkat bendera putih. jare deweke ta tawakkal jeh. wkwkwkw. padahal tawakkal kuh dudu mengkonon, sing aran tawakkal iku kudu tetep dilakoni karo usaha. anapun usaha wis dilakoni ya dau tawakkal masrahaken segala urusan karo sing duwe jagat. konon...

lan masih akeh penyebab sejene sing dadiaken maslah ora bisa diatasi. wilujeng enjing muga manpangat.

GEGRATAK

akeh wong pengen dadi pemimpin. tapi atine bacin, doyan kawin senenge nglarani wong miskin.

akeh wong pengen dadi pejabat. kelakuane bejat bli bisa nyekel amanat senenge hianat gawe bobad nyolong duite rakyat sing mlarat tambah bantat sampe sekarat pribawane urip kaya kiamat.


rakyate ya embuh. asal dipai seket ewu dikon milih ya ayu dikon nyoblos ya setuju bli ngerti bakale ditipu ora mandeng ning prilaku padu asal melu.


Duh Gusti kang Duwe jagat. nyuwun diparingi pemimpin sing taat, gawe manfaat kanggo sekabeh rakyat, urip tentrem ayem keparingan nikmat. di anugrahi syafaat, di adohaken saking laknat.


Duh Gusti kang Welas Asih, nyuwun diparingi pemimpin sing bersih, adil tanpa pilih kasih. amin..

MODELE MENUSA

Menusa iku ana patang model

1. Wong sing ngerti lan deweke ngerti yen deweke iku wong ngerti( gegurua ning wong sing kayang kenen)


2. Wong sing ngerti tapi ora ngerti yen deweke iku wong ngerti ( wong model kayang kenen elingaken lan tangekaken tur dukungen)


3. Wong ora ngerti tapi deweke ngerti yen deweke iku wong ora ngerti ( nah wong model kien iku wong sing bagus, sebabe sadar lan gelem blajar)


4. Wong sing bli ngerti tapi deweke bli ngerti yen deweke wong ora ngerti ( nah kien wong sing gawe bahaya.patenana. gedigen tapi baguse elingaken tur rangkulen)

Trending Topik