Wis mana minggat...!!!!
Dasar laki bejad...!!!
Bli sudi kita ndeleng rai nira !!!!
Brakk !!!! blarat !!! ketuplak !!!
Haduh.. esuk esuk dau tangi turu, mata masih sepet, badan masih kecut, rai masih rungseb. Eh.. wis disugui drama tarling urusan rumah tangga gratis sing tangga sebelah. Kaya kayane wis ana ping patangatus seket daspan ngrongokaken tangga sebelah ribut mengkonon, kaya langka bosene, kaya langka wirange.
Tapi embuh keder sapa sing arep disalahaken, sing lanange ya doyan demenan ditambah doyan mabok lan maen.. (gkgkgk kaya lagu tarling bae), sing wadone ya kaya sutrun, weruh lanange mengkonon, weruh unggal dina ribut angger bae masih urip seumah, jare reang kuh ya baka wis bli cocog, baka rumah tangga Cuma gawe sengsara lan panen dosa, masih mending pegat pisah daripada urip kelunta lunta cekcok bae saben dina.. wkwkwkwk
Daripada putek mikiri tangga, masih mending ngopi bari badan dadi seger otak dadi lancar xixixix,
“Pan... daspan... puntennnn !!!!”
Ning jaba ana suwarne tamu bebeluk daspan, ora samar ora pangling sing duwe suara kaya konon Cuma dasram sobat setiane daspan.
“Manjing bae sram... !!!!”
Dasram manjing ning jero umah terus ndodok ngleprok ning dingklik cilik buah karya daspan pribadi.. (asikkk)
“Pan, sida beli? Jare arep mana ning dermayu?”
Ya sida sram.. masa bli sida.. tapi engko bae rada awan setitik sram..
Ya wis beres pan.., eh pan ari kaen sing lagi urusan kuh sapa?
Biasa sram. Bi carwi karo mang taswad, embuh reang sampe bosen ngrongokakene. Unggal dina kayane ributttt bae, langka lete dina.
Ribut masalah apa sih pan ?
Ya biasa. Sing lanange ya bli campleng, sing wadone ya nemen.
Bli campleng priwe sih pan?
ya kun iku. Awite sih gara gara bi carwi mangkat ngarab, jare dewek sih kan pengen ngangkat drajat dunyane, tapi mangkat lawase pitung tahun, barang balik duite langka sperak perak acan sram.
Dih, bisa ne mengkonon priwe pan?
Mang taswade kuh baka olih kiriman. Entok bae, kanggo mabok, sawer, maen, kadang kadang ya tuku wadon ning dalan dalan sram.
Wah parah.. padahal mang caswad sewerue reang bengen kuh rajin ning masjid pan? Kok bisa mengkonon ya..
Nah mengkonon iku sram menusa. Kadang kari lagi blenak sing aran ngibadah kuh wekel, tapi sewalike barang nemu enak, akeh duite, munggah pangkate menusa kuh akeh sing klalen karo pengeran, sing diluruh kesenengan dunyaaaaaaa bae.
Iya ya pan, sangkane wong urip kuh sing akeh dedonga karo sing kuasa, muga muga dikuataken imane, islame, ngibadae lan segala urusan akherate.
Widik.. dasram cah.. bli nyana bli nduga barang sekien ngomonge ebat.. hehehehe
Sik gah pan,, ya bagen kayang kenen gah ilok dadi santrine kiyai jebod.. wis gah mana adus jagate wis awan.engko keburu panas.
Ya wis sram.. reange adus dipit.. titip tonggonana ruang tamu.. xixixixi
Tonggonana jeh.. kaya ana dunyane bae.. malinge gah bli kieng nyolong ning umae sira kuh pan. Paling ana gah dingklik bodol kih.. wkwkwkwk
Sedulur kabeh, wong urip iku mung mampir luruh sangu kanggo ning akerat. Dadi kudu ditrima segala apa sing ana, yen mlarat ya kudu tetep syukur lan aja pegot nglakoni ngibadah, sewalike yen lagi sugih ya tetep kudu wekel ngibadah lan akeh syukurane karo gusti Allah, sembahyang limang waktu ora pegot, shodakoh ya lancar, sebab sodakoh iku ibarate kang berseni banda dunyane kula kabeh sing kotoran, alias perkara syubhat.
Yen lagi nglakoni urip rumah tangga, ya kudu akur aja sering ribut, sing wadon aja gampang curiga lan kudu sing nrima, sing lanange ya kudu tanggung jawab ning keluarga lan kudu bisa dadi pimpinan sekaligus panutan ning sejrone rumah tangga. Aja sampe wadone mrengut lanange raine kecut. Lanange lagi putek sing wadone raine butek, sebab tujuan rumah tangga ikum supaya uripe menusa dadi tambah bagus, anteng, lan olih kawelasan sing gusti Allah.
Wis ah.. daspanae wis araep mangkat ika... sekien gantian sing nulise sing arep adus.. he.....
Sampe jumpa...